Reribeting rwabeda
Sakjroning sirah lan dada
Iku tanda mulur mungkrete kramadangsa
Swara pangaku-aku lan pangarep-arep donya
Yen ta karep sapa sira
Anutup hawa lan swara teka njaba
Anteng meneng kekancan peteng
Anyegur nyegara tanpa rupa
Amrih sesuci ing weninge tlaga
Kaeksi kahanan jatining diri
Dadya panyeksi ning rat lir ginanti
Mugi dumununga sira ing rasa sejati
Yen urip iku pasinaon rasa ngrumangsani
Yogyakarta, 01112017